Efek Blog
Dynamic Glitter Text Generator at TextSpace.net

Minggu, 17 November 2013

Lirik Lagu MANCING



Ceritane wong lagi mancing
Rupane nganti koyo cacing
Awake ambune kecing 
Yen ra intuk terus  muring muring
Seng mancing nganti tenanan 
Menteleng nyawang kambangan 
Dasare seng golek umpan 
Direwangi nganti blusukan
Matane seng mancing ngantuk 
Mergo ne ra intuk intuk
Wetenge wes nganti kluruk
Tangane nyekeli batuk
Senajan umpane uler
Iwake uwes podo mlenger 
Seng mancing ngantek liyer liyer 
Nganti cangkeme dirubung laler
Strike kanan strike kiri
Seng narik ati ati 
Yen ucul gawe gelo ati
Strike dalam strik depan 
Seng mancing ngantek edan
Yen ucul biso ra karuan
Seng njaring cen rodok pekok
Wes reti iwake ketok
Lha kok malah disogok sogok
Koyo anu neng njero katok
Matane do pating plirik
Kancane yen intuk serik
Ra trimo iwake cilik
Jebul kolam iwake sitik
Strike kanan strike kiri
Seng narik ati ati nek ucul 
Gawe gelo ati
Strike dalam strik depan 
Seng mancing ngantek edan
Yen ucul biso ra karuan
Iki lagu KU guyonan 
Yo sori yen ra kelegan
Seng penting tetep kekancan 
Ojo do podo jotos jotosan 
Sla la la la sla sla la la la la 
Sla la la la sla sla la la la la

Tidak ada komentar:

Posting Komentar